(BAB I)
Teks Observasi

Teks palapuran asil observasi yaiku teks kang nerangake asil observasi sing wis ditindakake.
Observasi yaiku pengamatan utawa penelitian kanthi objek panaliten.
✓ Struktur teks Observasi
- Definisi Umum / identifikasi
Peranan utawa bagean sing nerangake titikan (ciri-ciri), barang, tandha, lan sapanunggalane. - Deskripsi Bagean / klasifikasi
Perangan sing mantra-mantra manut jinis utawa kelompok e, utawa perangan sing nerangake gegambaran sing luwih rinci. - Deskripsi Manfaat / kegunaan
Perangan sing mujudake simpulan utawa dudutan saka asile observasi.
Ciri basa teks palapuran asil observasi
- Isi teks kudu objektif
- Ditulis lelandhesan kasunyataan (kenyataan) nalika nindakake pengamatan
- Ora ngemot bab-bab kang nyimpang saka kasunyataan
- Ana tembung kriya lan tembung wilangan
- Nggunakake tembung-tembung tartamtu (istilah-istilah khusus) salaras karo objek kang ditaliti.
✓ Tembung tanggap iku Tembung lingga kang oleh ater-ater tripurusa (dak, kok/ko, di), dene tembung tanduk iku Tembung kang oleh ater-ater anuswara (-m, -n, -ng, -ny).
✓ Ukara Miturut Isine :
a) Ukara Andharan / pawarta : ukara cerita.
Ukara kang ngandarake sawijining kedadeyan utawa perkara marang wong sing diajak guneman, bab seng di gunem umpamane : nyritakake bab-bab kang mentas, dirungu, diwaca, dideleng, rinasa, menehi wawasan, pitutur, nerokake Gunem lan liya-liyane.
Tuladha :
-Wis bola-bali papan kene Iki nibaake uwong banjur glundhung ing kalen
-Bapak tindhak dateng kantor.
b) Ukara pitakon
Juara kang isine nakokake bab tertentu.
Cirine ukara pitakon yaiku dipungkasi tandha waca pitakon, mula pamacane kanthi intonasi takon.
Tuladha :
-sampeyan mundhut napa?
-Bapak dhahar apa?
c) Ukara Pakon
Ukara pakon (kalimat perintah) uatawa imperative yaiku ukara kang surasane awujud pakon utawa perintah marang wong liya supaya nindakake sawijining bab utawa pakaryan kaya kang dikarepake sing ngongkon. Wujude ukara pakon iku warna-warna, yaiku kaya ing ngisor: